SEKAR AYU
Sekar Ayu merupakan salah satu judul puisi dalam Bahasa Jawa yang isinya terasa manis saat dibaca. Puisi ini sudah sangat lama saya temukan tanpa mengetahui nama penulisnya. Jauh sebelum saya mengenal dunia Blog pada tahun 2017. Karena bagus menurut saya, saat itu saya pun menyimpannya. Dan sekarang saya posting di sini seagai bentuk apresiasi saya akan keindahan puisinya.
Jika pemilik tulisan ini menemukan postingan ini, saya mohon izinnya, atau bisa menghubungi saya jika keberatan.
SEKAR AYU
Mendhung kang gumantung tansaya nggegulung
Rinangket angin gumulung kang ndadekke ati bingung
Mega kinepung pedhut, binarung udan kang nggawe tambah bingung
Gegodhongan mabur sinawur tanpa pepanggon lan paran
Tan krasa gumrojog sakabehing panelangsane jiwa
Gumuruh swaraning ati kang karanta-ranta
Prasasat Kidung Asmaradana tan bisa dadi panglipuring papa
Serat Ronggowarsito tan kuwawa dadi jampining sungkawa saumpama
Ginubel adhem kinemul nyenyep kang nyusup njero sumsum
Nggawa ibaning ati kang nglunturke tetesing eluh trenyuh
Jeriting nyawa kang tan bisa sinengguh prasaja
Pindha panandhang lara kang tan bisa di usada
Cah ayu …
Yen ana adheme angin kang sumribit ngelus alusing kulitmu
Iku jerone kangenku kang tansah nganti-anti tekamu
Jerone kangen kang tansah memuji bisa nyanding mring sliramu
Prasasat rina kang nora kuwawa tininggal mring sang ratri
Pindha baskara kang tansah gumandheng mring sasongko
Cah ayu…
Yen ana pedhut rinajut udan kang ngrekes ati
Binarung gegumuling mendhung kang nyaput pucuking gunung
Iku gambaran piluting asmara kang tansah nggraita sliramu
Kang tansah kesengsem atiku yen ta krungu swaramu
Kaya tembang kasmaran kang ngebaki endahe lamunanku
Kang tansah ngridhu kangenku yen nyawang esemmu
Kaya memanise widodari kang tumurun satengahe bumi saumpama
Yen cinandra pindha Dewi Ratih kang dadi pepujane jagad raya
Cah ayu …
Yen rinasa adhem ing wayah esuk kang kumrekes sinaput kabut
Rinias tumetese banyu bun kang cumlorot ing pucuke gegodhongan
Iku cumloroting katulusanku kang linukis sajroning tresnaku
Kang tansah setyo ngenteni praptamu...
Sinaoso kedah tinunggu sawindu
Cah ayu …
Yen ana suruping rina kang kairing sileping surya ing tembe sore
Rineka mring sumilir angin kang ngudal sakabehing lelamunan
Iku aku kang tan kendat ngirim pepuji mring sliramu
Wong ayu kang tansah sumandhing ana impenku
Wong ayu kusumaning ati kang kagadhang ana telenging ati
Cah ayu …
Yen ana lingsiring wengi rinajut weninge tengah dalu
Pinaes mring kidunging ratri kang ndadekke nglangute ati
Iku aku kang lagi nyungging kangenku mring endah manismu
Iku aku kang lagi memuji tresna sejatiku kanggo sliramu
Datan kendha sanajan bumi kapegat samudra
Datan sirna sinaoso kartika papisah mring sasongko
Cah ayu …
Leganono aku kang tansah larung wuyung sajroning wangimu
Leganono atiku kang tansah gandrung kayungyun mring kasulistyanmu
Sinaoso namung nyawang esemu lan ngelus alusing warnamu
Utawi saged andum asmara kang tan winates dening wektu